APES
Getun anggonku sekolah dina iki. Wes kelas 12
nanging pangah sial. PR Matematika lali ora dak gawa, PR Basa Jawa lali durung nggarap,
Praktek Biologi ora isa belas. Sing penting sakiki wis mulih, mung isa ndonga
muga – muga Biyung masak enak. Koyok pizza, burger, opo kebab ngunu. Duh, mikir
panganan malih ngiler aku. “Lho, kuwi Toni to?” Omongku banjur nemoni Toni.
“Ton, kowe ndengaren wes macak, iki isih jam 3 padahal.” Omongku karo ndemek
pundake Toni. “Aku arepe budal golek pokemon, beknowo nemu cah wedok ayu pisan.
Ketepak to?” “Tinimbang golek pokemon jane kowe melu aku ae Ton.” “Nang endi
Pan?” Takone Toni. “Nang atimu Ton. Hahahaha” Omongku guyoni Toni. “Wo, bocah
edan tenan. Tak kira lak arepe ngejak aku dolan.” Toni getun. “Wes, aku ae sing
melu kowe Ton. Pisan – pisan tak golek pokemon ning taman.”
Pas golek pokemon ing taman, Aku eruh Bapak –
bapak nggowo koper. Tapi ora sui wonge ngalih lan kopere ora digawa. Paling
wonge selak kebelet ning WC pikirku. Toni ngomong ning Aku jane koper iku dijupuk
ae, menawa isine duit. Aku karo Toni langsung njupuk koper ing kursi taman iku.
Amarga tamane sepi, Aku karo Toni wani njupuk koper kui. Embuh setan endi sing
mbarai elek lakonku lan Toni.
Koper kui tibake enek sandine. Amarga ora eruh
piro sandine, Aku lan Toni mikir kepriye carane buka koper kui. “Eh, Pan!
Deloken ndek walike enek tulisane (MATAHARI KE 3) maksude opo yo pan kiro –
kiro kui? Mosok matahari enek 3 pan?” omonge Toni karo ndudui Aku tulisan sing
dimaksud. “Ning endi wae matahari yo mesti enek siji to Ton. Kowe jane sekolah
pirang taun to kok ngunu tok ora ngerti.” “Lha maksude iki opo Pan?” “Sakiki
ayo ngalih disek teka kene.”
Sakiki Aku karo Toni
wis ana warung pinggir kutha. Daksawang – sawang enek mbak – mbak ayu mudhuk
saka mobil karo nggowo tas kresek tulisane “MATAHARI MALL” Aku lagi sadar
tulisan ing koper sing “MATAHARI KE 3” kui maksude matahari mall lantai 3. Aku
langsung ngomongi Toni, tapi Toni jek ngentekne sega pecele. 5 menit sak
banjure Toni wes mari. Aku lan Toni langsung ing matahari mall lantai 3. Ing
kono pundakku didemek karo wong nggae jaket ireng, celana ireng, karo topi lan
sepatu ireng. Pokoke kabeh ireng – ireng, untung untune ora ireng. Wong kui mau
langsung njupuk koper sing dak gawa lan menehi amplop. Aku mung iso meneng ing
kono mau. Toni langsung mbuka isine amplop, tibake isine duit Rp.500.000.
Bingung lan seneng kecampur dadi siji lantaran sing kedadean koyok ngipi ae.
Aku langsung mulih lan bablas turu.
Sesuke ing sekolah Toni ngomong marang Aku
ngene “Pan, pokok sing wis kedadean wingi aja nganti enek wong sing eruh liyane
arek dewe.” Aku mung mantuk lan bablas ing kekelas, Toni ngetutne ing mburiku. Ing
kelas, bocah – bocah rame ngomongne pengedar narkoba ing kelas. Aku pengen eruh
lan nyepit – nyepit ndelok ing tablete Cindy “Cin, ana apa?” Pitakonku marang
Cindy. “Oalah, Panki gak gaul we. Mosok ora eruh berita iki?” “Makane kan Aku
takok Cin, pengen eruh iki ben gaul” “Berita sing enek Bapak – bapak pengedar
narkoba ing daerahe kita. Iki fotone, deloken.” Omonge Cindy karo nduduhake
foto ing tablete “Lho, iki kan Bapak sing ndek taman dek ingi. Berarti isi
koper dekingi kuwi narkoba.” Aku langsung noleh ing toni, tibake Toni wis eruh.
Aku lan Toni ing ruang kepala sekolah lan ngomongake kepriye kedaden wingi iso
kelakon. Duit sing ning amplop dakwehne kepala sekolah kabeh. Aku lan Toni
janji ora bakal njupuk duweke wong liya maneh.